Saturday 30 July 2011

2.4



enyong pan nganggo basa ngapak bae ya. wis sue ra nulis nganggo ngapak-ngapak gadine kangen moga nt-nt kabeh pada mudeng. enyong pan cerita lanjutane cerita 1.4. lah saiki kan aku wis munggah kelas 2.4. kanca kelas loro kie esih pada bae karo 1.4 mung ana sing ilang karo nambah. kanca kelas siji sih DO ana loro, slamet riadi karo amar. lah si risma pindah.

lah kue risma pindah gadi ra semangat sekolah sing nyong taksir wis langka maning. risma pindah gara-gara ra betah nang umahe budene terus ya karir badmintone mandeg mending balik maring bumiayu. huf..... hancur hatiku,hahahaah. ya enyong ikhlasna jaman semono durung ana hape, fb, gadine ya langsung lost contac nganti ketemu maning setaun wingi kue ben mung fb-ne durung ketemu wonge langung. kayonge tah deweke wis merit.

lanjut cerita maaning ya nang 2.4 nambah maning wong telu ana novi, darton karo kiki kue bocah-bocah sing ra munggah maring kelas telu. darton njagong karo leo, kiki karo ita nah novi alias miss papua njagong karo pri. terus aku dewek pimen?

akhire aku njagong karo arie wibowo aku cere karo sony. sony njagong karo wahyu. akhirnya terbebas juga,hahahaha. malah seneng bisa njagong karo ari ra kakehan tingka bocahe. malah enak bisa nurun yen ulangan fiskima tapi gantian yen plajaran ips ari sing nurun aku. nganti saiki sih aku esih perek karo ari. lanjut cerita maning ya.....

akeh kejadian seru nang 2.4, Koriah sering diledeki karo bocah-bocah nggo nyanyi iwan fals. kebiasaan dolanan bal nang kelas esih bae nang kelas loro. nang kelas 2.4 kie ana sing melas maskur ujug-ujug mriang nganti pirang wulang barang ditekani jebulane maskur kena gangguan jiwa pan ngerti nangapa? maskur pengen nemen olih rengkin siji sing awit kelas siji tapi ra keanjogan sing rengkin siji terus mesi cici. selain pengen rengking siji maskur ya seneng liza tapi ya cinta tidak sampai.

ana kejadian seru tentang maskur pas klas mit pertandingan voli pas kue bar testing maskur teka maring skolah tapi nganggo seragam sd. tak ayal menjadi pusat perhatian seluruh sekolah. lomba voli 2.4 olih juara loro kalah karo ips siji. tapi ndue kebanggaan dewek sadurunge langka lomba suporter malah gadi ana trus 2.4 malah juara siji.hahahahaha dan ketua suporternya adalah aku.

pas kelas loro kie aku balike bareng karo puput, hendra, sony, wahyu, bayu pokoke seneng-seneng lah balik karo kanca-kancar. tapi kadang aku nganggo motor dewek sih. anjog terakhir.

sampai akhir 2.4 maskur masih belum sembuh, so sad. kabar sedih liane adrian pindah sekolah maring jakarta. huff tapi yen munggah ya aku ra sekelas maning karo adrian. dua tahun berakhir dengan bahagia. semua berpisah pada takdirnya masing-masing soale kelas telu kan wis ana penjurusan.

No comments: