Monday 21 March 2011

kancane enyong


skali-kali rapapa ya yen enyong ngeblog nganggo bahasa Brebes. Blog kie aku mung pan cerita kanca-kancane enyong sing nang Brebes. Teruse ya enyong wis sue ra ngomong nganggo bahasa ngapak gadine kangen. Langsung bae ya.

Wingi-wingi enyong maca status facebook kanca-kancane enyong khususe kanca SMP kayonge lagi ana huru-hara, donge nangapa sih? bisane nganti kayak kue. Walo enyong belih ngerti apa-apa tentang masalahe kepriben, tapi kayane ana sesuatu sing kayane sengit nemen. Malah enyong krungu nganti mutusna sahabatan.

Jare enyong tah sayang men bisa nganti medotna sahabatan. Padahal dewek wis perek awit SMP awit jamane culun-culun. Wit smp ya dewek sering ngumpul, lunga, nganti nggawe panitia reuni smp. kelingan men sung mbiyen bisa kompak ngadakna reuni smp bareng-bareng rukun padahal pada adoh-adoh ngumpule pas bada tok. saben pan bada ngumpul buka puasa bareng. Koen-koen kabeh ya sih pada saling nganggep sedulur lah.

saiki wis pada balik maring brebes daning ka tukaran sih? donge ya gadi tambah akrab maning bisa ngumpul bareng maning. Wis lah ra sah tukaran wis ra jamanne, pada kaplak-kaplak ka ya donge bisa mikir bareng bisa nylesekna bareng lah bisa saling ngerti padahal ya kenal wit smp donge tah bisa ngerti kaya piben.

moga mengko bisa akrab maning ya......... lebur kan semua ego kita untuk sebuah persahabatan yang mahal ini.

kita saudara: uus, johan, nanang, eji, andries, iwan, ane, rera, riza, seli, damay, titin,

1 comment:

nayrosa said...

aseeekk, , ya kayak kue lah dadi wong brebes nganggo boso ngapak, ,